Showing posts with label Khutbah Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Khutbah Bahasa Jawa. Show all posts

Thursday, September 1, 2016

Khutbah Bahasa Jawa: Haji Adalah Seruan Nabi Ibrahim AS

Views :


السلام عليكم ورحمة الله
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي أَكْمَلَ لِهَذِهِ الأُمَّةِ شَرَائِعَ اْلإِسْلاَمِ، وَفَرَضَ عَلَى الْمُسْتَطِيْعِ مِنْهُمْ حَجَّ الْبَيْتَ الْحَرَامِ، وَرَتَّبَ عَلَى ذَلِكَ جَزِيْلَ الْفَضْلِ وَاْلإِنْعَامِ، وَوَعَدَ مَنْ حَجَّ الْبَيْتَ وَلَمْ يَرْفُثْ وَلَمْ يَفْسُقْ بِأَنْ يَخْرُجَ مِنْ ذُنُوْبِهِ كَيَوْمٍ وَلَدَتْهُ أُمُّهُ نَقِيًّا مِنَ اْلآثَامِ، وَذَلِكَ هُوَ الْحَجُّ الْمَبْرُوْرُ الَّذِي لَمْ يَجْعَلِ اللهُ لَهُ جَزَاءٌ إِلاَّ الْجَنَّةُ دَارُ السَّلاَمِ. أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلاَمُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَحَجَّ وَزَكَى وَصَامَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْبَرَرَةِ الْكِرَامِ، وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تَعَاقَبَتِ اللَّيَالِيْ وَاْلأَيَّامُ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً أمَّا بعْدُ، فَيَآعِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah
Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi lan nuhoni dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kewajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos kumo wanton nerjang awisanipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan ajrih dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah
Wulan menika inggih wulanipun sederek kita Islam sami persiapan bidal nuhuni pangundang-undangipun Khalilullah Ibrahim AS, nyampurnaake rukun Islam ingkang kaping gangsal inggih punika Haji wonten ing Baitullah. Ibadah haji punika ibadah ingkang terkesan ekslusif namung ibadahipun tiyang-tiyang ingkang gadah rizqi ingkang langkung saking kabetahanipun, ibadah ingkang prestise, ingkang wonten label ipun pak haji ibu hajjah. Sanes kaleh ibadah lintunipun. Sinahoso sregep anggenipun nglampahi shalat bahkan dipun jangkepi kalayan sedoyo shalat sunah mboten wonten ingkang paring label pak musholli ibu musholli, semanten ugi shiyam lan zakat. Mboten nate kito mireng tiyang ingkang ngedalake zakat lan nglampahi shiyam dipun paringi label pak shoim utawi pak zaki.
Ibadah haji menawi dipun westani ibadah ekslusif kagem tiyang sugih punika mboten 100% leres. Katah tiyang ingkang gadah rizki ingkang cekap bahkan langkung saking kabetahan haji ananging bandane taksih eman dipun dalake kangge sangu bidal haji. Semanten ugi ingkang sampun mlebet kuota haji ananging kenging cubo sakit utawi alangan sanese sehingga mboten sios nglampahi haji bahkan wonten ingkang sampun dugi tanah Makah ananging mboten saget wuquf ting Arafah sehingga hajinipun mboten dihukumi sah . Sak wangsulipun wonten maleh ingkang dipun tingali saking makaryanipun tiyang menika ketingal mboten mungkin saget berangkat haji, ananging atas fadhal saking Allah SWT saget ziarah tanah Haramain nglampahi ibadah haji. Nopo niku saking telatene anggen ipun nabung, utawi mboten ngangen saget bidal haji dzilalah angsal tugas pemerintah dados TPHI utawi TPHD sehingga saget berangkat haji tanpo biaya lan tanpo nunggu daftar tunggu ingkang tahun meniko kedah nunggu ngantos tahun 2038.
Haji punika leres fadhal saking Allah SWT. Namung tiyang ingkang jawabi panggilanipun Nabi Ibrahim ingkang saget anglampahi haji. Allah SWT sampun dawuh ing surat Al Hajj ayat 27:
وَأَذِّنْ فِي النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوكَ رِجَالاً وَعَلَى كُلِّ ضَامِرٍ يَأْتِينَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيقٍ (27)
“Undang-undanga sira Ibrahim marang menuso supoyo nglakoni haji. Mongko dewekne bakal nekani pangundangmu kanthi mlaku sikil lan kanthi nunggang unto seng kuru ingkang teko soko pejajahan kang adoh.”
Wekdal nampi dawuh saking Allah SWT, Nabiyullah Ibrahim AS matur:
يا رب، وكيف أبلغ الناس وصوتي لا ينفذهم؟
“Gusti, pripun carane kulo saget nyampeaken pangundang haji, suwanten kulo boten saget dumugi dateng sedanten menuso?”
Dipun jawab deneng Allah SWT: “Nadi wa’alaynal balagh” (Undang-undango siro, soal nekakno iku urusanku). Lajeng Nabi Ibrahim jumeneng wonten ing Jabal Abyl Qubays wonten pendapet ingkang dawuhno ing bukit shafa, woro-woro dateng sedanten menuso supoyo haji ing Baitullah kanthi dawuh “Hei kabeh menuso, saktemene pengeran sira kabeh sampun majibake haji ing Baitullah. Podo hajiho sira kabeh ing Baitullah.” Dipun ceritaake bilih gunung-gunung sami tunduk sehingga suwanten Nabi Ibrahim saget dumugi dateng sedanten wilayah bumi, lan Allah paring mireng dateng sedanten menuso ingkang takseh ing guwo garba utawi rahime ibue lan ing balung shulbi bapake. Sedanten saget midanget dateng pangundange Nabi Ibrahim AS, nopo niku watu, pasir lan wit-witan soho sinten mawon ingkang sampun ditetepake Allah saget nglampahi haji dumugi dinten kiamat kelawan mangsuli “Labbaykallahumma labbayk” (Ngestoake dawuh penjenengan, duh Allah, ngestoake dawuh panjenengan).
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah
Kito mboten mangertos punopo wekdal Nabi Ibrahim paring undang-undang kita mlebet golongane tiyang ingkang mangsuli pangundange Nabi Ibrahim AS nopo mboten. Ampun namung songgo uwang nunggu fadhale pengeran, ampun rumahos ketuwan nunggu giliran, lan ugi ampun susah menawi tahun menika dereng saget budal ing tanah haram. Kewajiban kita namung ikhtiyar, nyambut damel ingkang sregep, ngempalaken sangune haji, wondene akhire saget budal haji nopo malah ketututan mati niku urusane gusti. Dumateng ingkang bade anglampahi ibadah haji toto niat, cawisaken sangu ingkang katah. Mboten wonten sangu haji ingkang langkung sahe tinimbang sangu taqwa. Ampun ngantos anglampahi rafats inggih punika omongan kotor ingkang narik dateng jima’, ampun ngantos ngampahi pendamel fasik lan ampun ngantos tukar padu nalikane haji. Allah SWT sampun dawuh ing surat Al Baqarah ayat 197:
الْحَجُّ أَشْهُرٌ مَعْلُومَاتٌ فَمَنْ فَرَضَ فِيهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوقَ وَلَا جِدَالَ فِي الْحَجِّ وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ يَعْلَمْهُ اللَّهُ وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ (197)
“Wulan haji punika wulan ingkang sampun maklum. Sinten tiyang ingkang sampun netepaken niat tindak haji, mongko ora keno nglakoni rafats, fasiq lan tukar padu wekdal haji. Pendamel sahe ingkang sira kabeh lampahi Allah mesti mersani. Podo cawis sanguho sira kabeh, mongko saktemene sak apik-apike sangu iku taqwa. Podo taqwaho sira kabeh hei wong-wong kang nduweni akal.”
Dawuh Rasulullah SAW wonten ing Musnad Imam Ahmad saking shahabat Jabir:
الحج المبرور ليس له جزاء إلا الجنة قالوا يا رسول الله ما الحج المبرور قال إطعام الطعام وإفشاء السلام
“Haji mabrur ora ono piwales kejobo surga. Poro shahabat sami tanglet; Punopo niku Haji Mabrur? Nabi jawab; aweh mangan, nyebar keselametan”
Haji mabrur dijamin mlebet surga. Saget dados titen bilih tiyang kondur saking haji kok takseh mboten peduli dateng nasibe dulur, tonggo lan konco, bahkan kiwo tengene mboten raos aman saking lisane lan tumindake, mongko alamat hajinipun mboten mabrur utawi mboten maqbul. Wonten ingkang ngriwayataken bilih haji mabrur inggih punika haji ingkang mboten kecampuran duso sinahoso duso cilik.
Ingkang dereng saget nglampahi haji, takseh katah amal lintune haji ingkang saget kita lampahi lan istiqamahi. Shalate ampun ngantos dilirwaake, posone ditetepi, zakate dipenuhi supados sak mangke menawi angsal fadhal saking pengeran ngalampahi haji saget angsal predikat haji ingkang mabrur.
Mugi-mugi ingkang badhe nindaaken haji dipun pernahaken gusti Allah lan kondur mbekto predikat hajjan mabrura wa dzanban maghfura watijaratan lan tabor. Ingkang dereng mugi dipun paring gampil rizqi sehingga saget anglampahi ibadah haji. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حمدا كما أمر، وأشهد أن لا إله إلا اللهُ وحده لا شريك له، إرغاما لمن جحد به وكفر، وأشهد أن سيدنا محمدا عبدُه ورسوله سيدُ الإنس والبشر، اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى آله وصجبه ما اتّصلتْ عينٌ بنظَر، وأذنٌ بِخَبَر. أما بعد
فيا أيها الناس، اتقوا الله تعالى وذروا الفواحش ما ظهر منها وما بطن، وحافظوا على الطاعة  وحضور الجمعة والجماعة. واعلموا أن الله أمركم بأمر بدأ فيه بنفسه، وثنى بملائكة قدسه، فقال تعالى ولم يزل قائلا عليما: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كما صليت على سيدنا إبراهيم وعلى آل سيدنا إبراهيم في العالمين إنك حميد مجيد. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ لا تجعل الدنيا أكبر همنا ولا مبلغ علمنا ولا تسلط علينا من لا يرحمنا اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اللهم ادفع عنا الغلاء والبلاء والوباء والربا والزنا والزلازل والمِحن وسوء الفتن ما ظهر منها وما بطن عن بلدنا إندونيسيا هذا خاصة وعن سائر بلاد المسلمين عامة يا رب العالمين، ربنا أتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار.
عباد الله إن الله يأمر بالعدل والإحسان وإيتاء ذي القربى وينهى عن الفخشاء والمنكر والبغي يعظكم لعلكم تذكرون، فاذكروا الله العظيم يذكركم، واشكروه على نعمه يزدكم، واسئلوه من فضله يعطكم ولَذكرُ اللهِ أعز وأجل وأكبر

Friday, July 29, 2016

KHUTBAH BAHASA JAWA: ANCAMAN DAYYUTS

Views :
KHUTBAH PERTAMA
 اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ اَلَّذِيْ أَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ وَأَتَمَّ عَلَيْنَا النِعْمَةَ وَجَعَلَنَا مُسْلِمِيْنَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ اللهمّ صَلّ وسّلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدِ وعَلى آلِه وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ فى انحاء البلاد. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً أمَّا بعْدُ

فَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فاتقوا الله فيما ائتَمَنَكم من الأزواج الأولاد فإنكم عنهم مسئولون. أَمَّا بَعْدُ
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah
Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi lan nuhoni dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos kumo wanton nerjang awisanipun Allah. Wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan ajrih dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.
Para sederek Kaum Muslimin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Gebyaripun wulan Ramadlan lan Idul Fitri sampun kita lewati sareng-sareng. Kumandang tadarus Al Qur’an, takbir, sami ngapuro-ngapuronan, silaturrahim, lan ngalor ngidul sami ngagem rasukan ingkang sopan tur nutup aurat. Dereng ngantos telas wulanipun syawal kita sedoyo sampun wangsul maleh marang kemaksiatan-kemaksiatan kita piyambak-piyambak. Al Qur’an sampun jarang kita wahos, kaleh sesami sederek Islam sami ungkur-ungkuran, mbucal omongan fitnah, tukar padu, musuh-musuhan lan ngumbar aurat kados hal ingkang lumrah kita lampahi. Labetipun wulan Ramadlan lan syawal kados namun labet sesaat. Padahal, sakyektosipun Ramadlan punika minangka wulan latihan, wulan syawal punika wulan kita miwiti perjuangan andandani lampah kita ingkang awon, sehingga wulan sak lajengipun kita saget ningkataken amal.
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah
Lelampahan dosa punika mboten namung nerjang dateng awisan-awisanipun Allah utawi nilar dateng perintah-perintahipun Allah. Ananging mendel lan ridlo dateng kemaksiatan ugi kalebet dosa. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun paring dawuh:
ثَلَاثَةٌ قَدْ حَرَّمَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ الْجَنَّةَ مُدْمِنُ الْخَمْرِ وَالْعَاقُّ وَالدَّيُّوثُ الَّذِي يُقِرُّ فِي أَهْلِهِ الْخَبَثَ
“Tigo golongan manusia ingkang Allah haramaken melebet surga inggih punika pecandu khamer, tiyang ingkang durhaka dateng tiyang sepah kaleh lan ad-dayyuts inggih punika kepala rumah tangga ingkang mendel dateng tindakan ingkang mengarah dateng zina ing ndalem keluarganipun.” (HR. Ahmad).
Wonten ing hadits menika, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring peringatan tegas bilih Allah ‘Azza wa Jalla ngaramaken surga kagem tigo golongan manusia. Ing antawisipun punika ad-dayuts inggih punika kepala rumah tangga ingkang mendel ngejarake tindakan awon ing dalem keluarga, khususipun keawonan ingkang ngarah dateng perzinaan. Kados pergaulan bebas, ngumbar aurat, ikhtilath (campur baur) antawis tiyang jaler lan wadon ingkang mboten mahram lan sanes-sanesipun. Sedoyo kolo wohu kados sampun dados hal ingkang lumrah lan ugi rumahos mboten dados setunggaling cacat utawi cela kagem piyambake minangka pemimpin keluarga ingkang sak mangke ing dinten kiamat bakal disuwun pertanggungjawaban ing ngarsaning gusti Allah SWT.
Wonten hadits lentunipun, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda :
ثَلَاثَةٌ لَا يَنْظُرُ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ إِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ الْعَاقُّ لِوَالِدَيْهِ وَالْمَرْأَةُ الْمُتَرَجِّلَةُ الْمُتَشَبِّهَةُ بِالرِّجَالِ وَالدَّيُّوثُ
“Tigo golongan manusia ingkang Allah ‘Azza wa Jalla mboten kerso mirsani ing dinten kiamat, inggih punika tiyang ingkang durhaka dateng tiyang sepah kalehipun, tiyang istri ingkang dandan lan nyerupani kados tiyang jaler lan ad-daiyuts.” (HR. Ahmad, an-Nasa’i dan al-Hakim).
Wonten ing kekalih hadits menika, ketingal gamblang bilih kepala rumah tangga kenging resiko ageng kaaling-alingan mlebet suwarganipun Allah. Bahkan saat ngadepi pakewuhing akhirat, Allah SWT mboten kerso mirsani kalayan peningal welas. Sedoyo wohu sebab tiyang jaler mboten tegas lan ketingal ringkeh mboten gadah doyo ing dalem babakan ngemutaken garwo lan putra putrine.
Mekatenlah tiyang jaler minangka kepala rumah tangga gadah peran ingkang ageng sanget ing dalem mbentuk kepribadian garwa lan putra putrine, nopo niku aqidah, ibadah utawi akhlaq. Minangka kaluputan ingkang mboten alit menawi kepala rumah tangga ngejarake garwa lan anak wadone ngumbar aurat ing ndalan ndalan, ngejarake mboten ngagem jilbab, utawi ngagem jilbab ananging nyandang busono ingkang sempit, ketat sehingga ngetingalake bentuk lekuk tubuh sehingga dados tontonan ingkang mboten sahe, dados sasaran zina mata lan saget mancing niat ingkang awon saking tiyang tiyang jaler ingkang manahe gadah penyakit nifaq. Padahal Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun paring dawuh:
صِنْفَانِ مِنْ أَهْلِ النَّارِ لَمْ أَرَهُمَا قَوْمٌ مَعَهُمْ سِيَاطٌ كَأَذْنَابِ الْبَقَرِ يَضْرِبُونَ بِهَا النَّاسَ وَنِسَاءٌ كَاسِيَاتٌ عَارِيَاتٌ مُمِيلَاتٌ مَائِلَاتٌ رُءُوسُهُنَّ كَأَسْنِمَةِ الْبُخْتِ الْمَائِلَةِ لَا يَدْخُلْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يَجِدْنَ رِيحَهَا وَإِنَّ رِيحَهَا لَيُوجَدُ مِنْ مَسِيرَةِ كَذَا وَكَذَا
“Kaleh golongan menuso penduduk neraka ingkang dereng nate kulo persani, yaiku sijining kaum ingkang mbeto pecut kados buntut sapi ingkang kelawan pecut menika sami mecuti menuso lan sijining kaum wanita ingkang ngagem busana, ananging wudho, mlaku lenggak lenggok kaleh miringake pundake ugi nambahaken aksesoris ing sirahe kados punuk unta supados dados pusat perhatian, kaum kados mekaten mboten mlebet surga lan mboten bade ngambung gandane suwargo, padahal gandane surga punika saget digondo saking jarak sementen lan sementen.” (HR. Ahmad dan Muslim).
Diparil umpami kepala keluarga punika saget mlebet ing swargo, punapa piyambake lilo lan tegel mirsani garwani ingkang banget ditresnani, anak-anake sing paling disayangi dados penduduk neraka, pisah saking piyambake, bahkan ngambung gandane surga mawon mboten saget?
Lajeng pripun tanggungjawab ipun minangka kepala rumah tangga? Punapa saget angsal kabekjan menawi piyambake nyiak-nyiaake ladang amal ingkang paling caket? Jawabe temtu mboten saget.
Menawi ngejarke mboten ngemutaken kemungkaran mawon di hukumi daiyuts lajeng pripun menawi kepala rumah tangga numbasake rasukan ingkang ngumbar aurat utawi bahkan perintah keluargane supados nglampahi maksiat arupi mbuka aurat. na’uudzubillah min dzalik. Punapa piyambake mboten nate mireng dawuhipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam:
مَنْ دَعَا إِلَى هُدًى كَانَ لَهُ مِنْ الْأَجْرِ مِثْلُ أُجُورِ مَنْ تَبِعَهُ لَا يَنْقُصُ ذَلِكَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْئًا وَمَنْ دَعَا إِلَى ضَلَالَةٍ كَانَ عَلَيْهِ مِنْ الْإِثْمِ مِثْلُ آثَامِ مَنْ تَبِعَهُ لَا يَنْقُصُ ذَلِكَ مِنْ آثَامِهِمْ شَيْئًا
“Sinten tiyang ingkang ngajak miderek pituduhe Allah ‘Azza wa Jalla, mongko piyambake angsal ganjaran kados ganjarane tiyang-tiyang miderek dateng pengajake, tanpa ngurangi kedik mawon ganjarane tiyang kala wohu. Sinten tiyang ingkang ngajak tumindak sesat, mongko piyambake angsal dosa kados dosane tiyang-tiyang miderek dateng pengajake, tanpa ngurangi kedik mawon dosane tiyang kala wohu.” (HR. Muslim dan Ahmad).
Pundi ingkang kita pilih kagem kita piyambak? Enggal-enggal ngajak kesahenan? punopo justeru tanpa sadar njerumusake putra putri kita ingkang minangka aset utawi celengan ingkang mboten kaetang regine? Kanti ngejarake garwa lan putra putri kita tanpa paring arah utawi paring fasilitas gadget, game kekerasan, tayangan sinetron, lagu-lagu umbar nefsu dados gurune tanpa pengawasan lan pengarahan saking kita.
Tanpa pembinaan ingkang sahe, tangeh lamun putra putri kita saget dados putra-putri ingkang sholeh lan sholehah. Tiyang sepah ingkang nandur, tiyang sepah ugi ingkang ngunduh hasile. Nandur sahe bakal ngunduh sahe, nandur awon ugi sak mangke bakal ngunduh awon. Pakulinan anak nglampahi maksiat namung nambah-nambahi dosa-dosa kita, bahkan dados aib tiyang sepuh wekdal taksih sugeng utawi sakmangke menawi kita sampun tilar dunyo.
Tiyang sepah pundi ingkang tego ngejarake lan nilarake anak-anake sibuk dolanan nalikane wonten kebakaran? Temtu nurani tiyang sepah ingkang taksih sehat mboten lilo menawi putrane kobong geni dunyo, nopo maleh genineng neraka ingkang panase tikel matikel.
Mugi mugi kita sedoyo angsal taufik pitulung saking Allah anggen kita ngrumat lan ngramut putra-putri kita utamine anak wadon kanti sabar, sehingga kita saget nikmati hasil ipun ing wekdal sepuh kita utawi wekdal kita sampun ninggalake dunyo. Amin.
بسم الله الرحمن الرحيم يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلائِكَةٌ غِلاظٌ شِدَادٌ لا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِما فيه من الآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى فَضْلِهِ وَإِحْسَانِهِ وَأَشْكُرُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْماً لِشَأْنِهِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ وَتَمَسَّكَ بِسُنَّتِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْراً .أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلائِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. وَاعْلَمُوْا أَنَّ أَصْدَقَ الحَدِيْثِ كَلَامُ اللهِ، وَخَيْرَ الهُدَى هُدَى مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ الأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعُةٌ، وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ، وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ فَإِنَّ يَدَ اللهِ عَلَى الجَمَاعَةِ .
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَلْأَئِمَّةَ المَهْدِيِيْنَ؛ أَبِيْ بَكْرِ الصِّدِّيْقِ، وَعُمَرَ الفَارُوْقِ، وَعُثْمَانَ ذِيْ النُوْرَيْنِ، وَأَبِيْ الحَسَنَيْنِ عَلِي ابن أبي طالب, وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنِّكَ وَكَرَمِكَ وَإِحْسَانِكَ يَا أَكْرَمَ الأَكْرَمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلَامَ وَالمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَكِتَابَكَ وَسُنَّةَ نَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، اَللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا المُسْلِمِيْنَ المُسْتَضْعَفِيْنَ فِي كُلِّ مَكَانٍ، اَللَّهُمَّ كُنْ لَنَا وَلَهُمْ حَافِظاً وَمُعِيْنًا وَمُسَدِّداً وَمُؤَيِّدًا،
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ حُبَّكَ، وَحُبَّ مَنْ يُحِبُّكَ، وَحُبَّ العَمَلَ الَّذِيْ يُقَرِّبُنَا إِلَى حُبِّكَ. اَللَّهُمَّ زَيِّنَّا بِزِيْنَةِ الإِيْمَانِ وَاجْعَلْنَا هُدَاةَ الْمُهْتَدِيْنَ. اَللَّهُمَّ اصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَأَخْرِجْنَا مِنَ الظُلُمَاتِ إِلَى النُّوْرِ. اَللَّهُمَّ آتِ نُفُوْسَنَا تَقْوَاهَا، وَزَكِّهَا أَنْتَ خَيْرَ مَنْ زَكَّاهَا، أَنْتَ وَلِيُّهَا وَمَوْلَاهَا. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغلاء واْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ والفحشاء وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عباد الله، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنْ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ فاذكروا اللهَ العظيم يذكرْكم، واشكُروه على نعمِه يزِدْكم، واسألوه من فضله يعطكم ولذِكْرُ اللهِ أكبرُ، واللهُ يعلمُ ما تصنعون